Juara Lomba Pionering

0



Alhamdulillah, selamat dan sukses! Kali ini Pramuka Penggalang SDN Sengi 2 berhasil bawa pulang piala Juara Harapan 3 Lomba Pionering di Jambore Pramuka Penggalang Kwarran Dukun 2025, yang digelar di Lapangan Banyubiru tanggal 9–11 September 2025. Nek istilah wong Magelang, yo wis lumayan. Sing penting ora mung harapan kosong, tapi harapan sing ana wujud pialane. 

😁
Kemenangan ini jelas bukan hasil sulapan. Wong bikin pionering itu kudu mikir keras, ngiket tali koyo lagi ngiket janji manis, kudu kenceng ben ora gampang kendor. Santri TPQ wae iso kendor nek ngaji kelalen, lha iki kudu kuat beneran. Jadi yo wajar nek Pramuka SDN Sengi 2 iso bangga karo hasil iki. Lha wong dari 32 pangkalan, kita masuk yang level terbaik.

Ucapan terima kasih juga pantas dilayangkan buat wali murid Esdeen Sengidua sing setia ndhukung, bikin gapura, pagar, kerja bakti usung tenda, dari doa nganti bekal snack, biar anak-anak ora keluwen neng lapangan. Ora ketinggalan, para pembina sing sabar, meski kadang suarane kudu ngalahke sound horeg, tetep semangat nglatih bocah-bocah. Iki sing jenenge perjuangan tanpa tanda jasa tapi nganggo peluit.

Panitia dan semua pihak yang ikut nyengkuyung acara iki yo kudu disyukuri, termasuk pemerintah, warga Garonan nggen Pak Joko. Wong nek ora ono panitia, jambore bisa kacau, tenda iso kebalik kaya payung rusak. Kabeh kerja bareng, kaya simpul pangkal sing kokoh, tapi tetep iso digerakne bareng-bareng.

Semoga pencapaian iki dadi motivasi kanggo bocah-bocah supaya terus latihan, terus belajar, lan terus berprestasi. Wong urip ki kudu iso neruske perjuangan, meskipun kadang kalah yo kudu tetep senyum, nek menang yo ojo jumawa. Kata pepatah Pramuka: "Berprestasi iku penting, tapi persaudaraan tetep nomer siji."

Salam Pramuka! Mugi-mugi tahun ngarep iso naik kelas, minimal dadi juara sing ora mung harapan, tapi kenyataan. Nek iso yo nganti Juara 1, biar foto bareng piala bisa kita upload di medsos karo caption “opo iki sing disebut pioneer of the year?” Hehehe.

Pict: foto oleh Kak Fajar Nurohim, fotografer PGRI & Kwarran Dukun

Posting Komentar

0Komentar
Posting Komentar (0)
Gerakan Pramuka Kwartir Ranting XI-08-14 Kecamatan Dukun